Kepada seorang sahabat lama, saya menulis email begini:

Ndul, aku kelingan jaman mbiyen tau njilih clana klambimu nggo resepsi ulang tahunan ning hotel gedhe. Teka ndisik dhewe, wong wedi telat ora komanan suguhan, jan malah dadi bingung. Milih meja mburi, durung ana wong liya teka. Reka-reka nggo suvenir, aku ngesak peso lan garpu sing wis ditata apik jejer renteng ning meja. Aman. Tekan wektune, kabeh lancar. Tamu-tamu lan sing nduwe acara wis lengkap. Acara lan suguhan ya ora kurang lancare.

Pancen nyata, begja cilaka ora bisa dijangka. Tekaning acara doa, aku didapuk munggah panggung. Cilaka aku, bisa kedenangan nggonku ngesak suvenir. Dag dig dug aku, ora karuwan, ning ya tetep maju, ora bisa selak. Begjaku wae, clana-mu sing tak enggo gedhe sakabehe. Slaman slumun, aku slamet.

Ndul, aku seneng nduwe kanca sedulur kowe. Atimu gedhe, kaya clana mu sing nutupi cilaka ku. Mbuh kowe saiki ning endi, makarya apa. Muga tambah-tambah kreasi seni mu. muga tambah jembar atimu.

aku, thomas subandriyo
Add to Cart
For PDF pattern only. The file will send directly to your email. Including the instruction sheet detailing color of fabric, sizes, a complete color listing (number of skeins to purchase)


info harga terbaru dan harga paket (kits) silahkan hubungi:
masdriyo@gmail.com
Whatsapp chat | Messenger
Send pictures to convert